Konjuk ing asma dalem Hyang Rama, Saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
Amin.
KAWULA PITADOS
Kawula pitados
ing Allah, Rama Sang Mahakuwasa, ingkang nitahaken bumi langit. Saha ing Gusti
Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting, Pangeran kawula. Ingkang miyos saking
Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci. Ingkan nandhang
sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta
kasarekaken. Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking
seda. Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama Sang
Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh ngadili tiyang gesang utawi pejah. Kawula
pitados ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katulik ingkang suci, lan panunggiling
para Suci. Pangapuntening dosa. Tangining badan. Saha gesang langgeng. Amin.
Rama kawula ing
swarga, Asma Dalem kaluhurna. Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana
wonten ing donya kados ing swarga.
Kawula nyuwun
rejeki kangge sapunika. Sakathahing lepat nyuwun pangapunten dalem, kados dene
anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami. Kawula nyuwun tinebihna saking
panggoda, saha linuwarna saking piawon. Amin.
SEMBAH BEKTI
Sembah bekti
kawula, Dewi Maria, kekasihing Allah. Pangeran nunggil ing penjenengan dalem. Sami-sami
wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri
Yesus.
Dewi Maria,
Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalem, samangke tuwin
benjing dumugining pejah. Amin.
MUGI LINUHURNA
Mugi linuhurna
Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Kados ing mulabuka,
sapunika, sarta ing salami-laminipun. Amin.
PINUJIA
Pinujia Asma
Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup, sak punika sarta langgeng. Amin.
MALAEKATING ALLAH
P Malekating Allah nglantaraken dhawuh
dhateng Kenya Dewi Maria.
U Lajeng Sang Kenya nggarbini saking
kuwasaning Hyang Roh Suci.
Sembah
bekti ….
P Kawula abdining Allah.
U Sandika ing dhawuh Dalem.
Sembah
bekti ….
P Sang Sabda lajeng dados manungsa.
U Yektos nunggil ing kawula.
Sembah
bekti ….
P Ibuning Allah, nyuwun pangestu dalem.
U Supados pantes nampi ganjarang
kasagahan Dalem Sang Kristus.
Suwawi sami munjuk:
Gusti, sarehning
kawula sampun dipun wartosi ing Malaekat, bilih Putra Dalem yektos manjalma,
mila sami nyuwun sih pitulungan Dalem, supados sarana saking sangsara saha pamentanganipun
Putra Dalem, benjing satangining badan, kawula sageda dherek kamulyakaken. Lantaran
Sang Kristus Gusti kawula. Amin.


0 comments:
Post a Comment